Senin, 01 Desember 2014

Peribahasa Bahasa Jawa dan Artinya

Peribahasa Bahasa Jawa
  1. Adigang , Adigung, Adiguna : Wong sing ngendelake kekuwatan, kaluhuran, lan kapinterane
  2. Ana Catur Mungkur : Ora gelem ngrungokake rerasan sing ora becik
  3. Anak polah bapa kepradah : Wong tuwo nemu reribed amarga saka polahe anak
  4. Becik ketitik ala ketara : Becik lan ala bakal ketara ing tembe burine
  5. Bathok bolu isi madu : Wong asor nanging sugih kapinteran
  6. Buru uceng kelangan dheleg : Mburu barang sepele kelangan barang sing aji
  7. Mbuwang tilas : Nutupi patrape ethok-ethok nyambut gawe liya
  8. Desa mawa cara negara mawa tata : Saben panggonan duwe cara dhewe-dhewe
  9. Diwenehi ati ngrogoh rempela : Diwenehi sethitik njaluk seng akeh
  10. Gajah ngidak rapah : Wong sing nrajang wewalere dhewe
  11. Jer basuki mawa beya : Kabeh gegayuhan mbutuhake ragad
  12. Keplok ora tombok : Melu seneng nanging ora wragad
  13. Kriwikan dadi grojogan : Prakara cilik dadi gedhe
  14. Kutuk marani sundhuk : Njarak marang bebaya
  15. Mikul dhuwur mendhem jero : Njunjung drajate wong tuwo

Tidak ada komentar:

Posting Komentar